Semar

Tokoh pawayangan Jawa
Semar Badranaya
Paraga:Punakawan
Ciri-ciri:Awak lemu, Nduweni Kuncung, Mata Mbrebes, Lambe Mesem

Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling Punakawan Pandhawa sakturune wiwit saka leluhure Resi Palasara (ing Mahabarata) lan Prabu Ramawijaya sawadyabala wanara (ing Ramayana) ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan.[1] Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antaga (Togog).[2]

Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang gadhah pakarti luhur.[2] Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.[2]

Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan.[2] Wonten ing satunggaling kadadosan adu kasektén, Semar ngeleg gunung saéngga wujudipun dados boten kantenan.[2] Sasampunipun punika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sadaya panyaru lan krodhaning angkara murka.[2] kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya bawana.[2]

Paraga Semar ing Wayang golèk
  1. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng buku2
  2. a b c d e f g Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng buku1

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search